Saturday, January 30, 2016

MUSYAWARAH TAUHID DEWAN WALI [ASMARANDANA]





ASMARANDANA

Ing karsa manira iki
Iman tohid lan makripat
Wruha ing kesempurnane
Lamon maksih makripat
Iya durung sampurna
Dadi batal kaweruh ipun
Pan maksih rasa-rinasa

Sinuhun bonang ngukuhi
Sampurnane wong makripat
Suwung ilang paningale
Tanana kang katingalan
Ya jenenge tingal
Mung mantep pangeran kanga gung
Kang nembah kang sinembah

Pan karsa manira iki
Sampurnane ing pangeran
Kaliputan ing selawase
Tanana ing salat ira
Pan ora darbe seja
Wuta tuli wisu suwung
Solah tingakah saking allah

Sinuhun majagung nenggih
Amedar ing pangawikan
Ing karsa manira dene
Iman tokid lan makripat
Tan kocap ing akherat
Mung pada semung wujud
Ing ngakerat ora nana

Nyata ing kawula gusti
Ingkang muji kang anembah
Mangkono iku lakune
Ing ngakerat oranana
Yen tanana imannya
Tan weruh jatining ngelmu
Nora cukul dadi jalma

Jeng suhunan ing gunung jati
Amedar ing pangawikan
Jenenge makripat mangko
Awase maring pangeran
Tanana ingkang liyan
Tanana roro tetelu
Allah amung kang tunggal

Jeng suhunan kalijaga angling
Amedar ing pangawikan
Den waspada ing mangkene
Sampun ngangge kumalamar
Den awas ing pangeran
Kadya paran awas ipun
Pangeran pan ora rupa

Nora warna nora warni
Tanana ing wujud ira
Tanpa mangsa tanpa enggon
Sejatine nora nana
Lamon tan ora nanaha
Dadi jagat ipun suwung
Nora nana wujud ira

Syeikh bentong samya melingi
Amedar ing pangawikan
Kang aran allah jatine
Tanana liyan kawula
Kang dadi kenyatahan
Nyawa ing kawula nipun
Kang minangka katunggalan

Nyata ingsun kang sejati
Jejuluk prabu satmata
Tanana liyan jatine
Kang bangsa nama allah
Maolana magribi mojar
Iku jisim wasta nipun
Syeikh lemah abang ngandika

Kaula amedar elmi
Angraosi katunggalan
Dudu jisim sadangune
Mapan jisim nora nana
Dene kang kawicara
Mapan sajatine ilmu
Sami amiyak warana

Sadat sapisan kang pasti
Iku pada kaweruhana
Papan kelawan tulise
Senyatane papan nira
Sing tulise kaya sira
Iku sejatine makhluk
Sira pada kaweruhana

Adoh tanpa wangenan kaki
Parek tanpa gepokan
Den ulati parek bae
Kalingan raga nira
Jatine lir sesotya
Lir surya kembar dinulu
Yaiku jatining sadat

Sejatine manusa iki
Iku sejatineng sadat
Manusa ngendi enggone
Tanpa warna tanpa rupa
Mapan sejatine sahadat
Jatine manusa suwung
Suwunge wis ana ning sira

Anane tan den kaweruhi
Ngulati kang ora nana
Akeh kang ngulati enggon
Aja sira luruh panggonan
Kesasar yen luruh genah
Ngowahi dat hyang agung
Dudu iku kang panggonan

Lebure bumi lan langit
Iku pada pikirana dening sira
lan bumi ngendi tumancebe
tumancebe ning sifat kudrat ira
tumanceb ing wujud tunggal
salah siji pan rosul
pan dadi lebar kiyamat

[Dinukil dari Serat Amongrogo, Indramayu]

4 comments:

  1. sangat lujar biasa sekali bahasa dan maknaya dalem

    ReplyDelete
  2. lumayan, sedang dalam proses alih bahasa

    ReplyDelete
  3. Subhanalloh,,, saya bangga atas nama Pribadi sebagai pemerhati budaya,,, semoga mas Tarka Sutarahardja mampu membuka tabir rahasia Budaya NUsantara sejatinya,,, amin amin amin,, sehat selalu,,,salam budaya,,,, Ani Suhartini

    ReplyDelete
  4. Terima kasih Bu Ani, semoga sy semakin dikuatkan untuk lebih mencintai warisan budaya... dan semoga gusti allah semakin menumbuh kembangkannya kepada genereasi muda... aminnn yra

    ReplyDelete