Tuesday, February 2, 2016

SYEIKH MAULANA MAGRIBI MEMBERIKAN PETUNJUK KEPADA SYEIKH MALAYA [SUNAN KALIJAGA]




Salinan Naskah yang sudah dialih aksarakan kedalam latin ini, adalah milik dari seorang tetua Desa Nunuk Kecamatan Lelea, Indramayu. Wa Ono, seorang pujangga sepuh yang belum mempunyai penerus, buku hasil salinannya itu begitu menarik namun tidak banyak orang yang mengetahuinya.  kami Sanggar Aksara Jawa, mencoba menelaah semoga saja bisa bermanfaat,


Syéh Malaya [Sunan Kalijaga] ketemu karo Syéh Maulana Magribi
DANGDANG GULA

1.              // syéh malaya pan lajeng lumaris / pangéran cirebon kondur maring kadatwan / klintang ngungun goné casé / yata malih winuwus / syéh malaya kang arsa kaji / [hlm. Xx] sampun nabrang sagara / pulo upih rawuh / lampahé nulya kapapag / lawan syéh jeng maulana magribi / syéh malaya tinakonan //
2.              // hé jebéng arsa miyang ngendi / oléné sira anabrang sagara / syéh mlaya alon turé / manira arsa nglangut / maring mekah amunggah haji / angling syéh maulana / bebakal siréku wong  wus antuk kamulyan / tingal padhang cipta nira pan wus dadi / arsa kaji mring mekah //
3.             // basa mekah dudu ka’bah jati / mekah tiron tengerané séla / kang gumantung tanpa cantél / ia tilas nipun / nabi ishak kalané lahir / nabi ibrohim kang jasa / syari’at kang tinut /  déné wong ahli ma’rifat / nuting keblat ka’bah iku séla sami / asliné jati sukma //
4.             // ya wus anéng sira pribadi / kang linuwih purba amiésa / [hlm. Xx] anéng sira paésané / poma ngilo siréku / ing cermin katon kakalih / jatiné mung satunggal / wayangan kadulu / ana ndulu wewayangan / saking tan wruh ingkang ngilo carmin / lah jebeng awangsula //
5.             // syéh malaya kacaryan sabdaning / asru mendhak arsa ngaras pada / sang wiku njawat tangané / syéh maulana muwus / aja nembah jebéng tan keni / sira pada lan ingwang / lan wali panutup / sagung kang wali atapa / tan madani brangtiné marang hyang widhi / lah wis ingsun tarima //
6.             // syéh malaya matur atanya aris / tuan pundi sinten kang pinudya / hamba ayun andérék / ngandika sang wiku / sun syéh maulana magribi / ngasrama alaman cingan / arab asal ingsun / aja susah mélu mring wang / [hlm. Xxxxx] sira arsa anggeguru maring mami / ki jebéng ora kena //
7.             // lamon sira ora dén lilani / marang guru nira kang kawitan / wenang sun mlambangi baé / becik wong setia setuhu / tinarima maring hyang widhi / tuhu amartapaé / aning kali tunggu / wot galinggang anéng alas / ndekukuwa tedanen guru niréku / parek tanpa gepokan //
8.             // ya tebih tanpa wangenan nenggih / nyatakena dén kanti satmata / yén karasa ing déwéké / lah uwis tutur ingsun / njawat tangan lajeng lumaris / kacaryan syéh malaya / kantun néng delanggung / anenggani wot gelinggang / anéng wana tanpa dahar tanpa guling / saksana wit galinggang //
9.             // satus dina kramatira mijil / kayu glinggang ngrembuyu ron nira / ngaubing génira senden / [hlm. Xxxx] saking marma hyan agung / kayu mati sinenden urip / wuwusen sunan bonang /wau kang alangkung / anguwot anéng galinggang / nulya mirsa kang rayi saréh ning kali / winungu uluk salam //
10.          // syéh malaya kagét aningali / mring kang raka gupuh jawat asta / jeng sunan bonang wuwusé / paran karsa niréku / tapang ngalas jaga ing kali / yén mengkonon ta sira / sun wéhi jujuluk / suhunan ing kalijaga / para sahabat sadaya sami ngistréni / syéh malaya nama sunan //
11.           // wus kaidén sira anéng riki / adedukuh anéng kalijaga / garwané sunusulaké / laminé tan winuwus / sunan bénang milwa mbabadi / tumut karya pratapan / [hlm. Xxxx] dépoké apatut / wus mangkana sunan bénang / angandika mring kang rayi sunan kali / payo mring giripura //
12.           // kang nglurahi sakéh para wali sadaya / sunan giri ya prabu satmata / kang angréh wali jawané / payu nyuwun pangéstu / tur sandika susuhunan kali / tandya samia lumampah / pra murid tut pungkur / ing marga datan winarna / sampun lepas jeng susunan dénya lumaris / prapténg giri kedatwan //
13.          // sampun cunduk mring susuhunan giri / tandya sami anjawat astanya / pepak para wali kabéh / jeng sunan bénang muwus / mring kang raka suhunan giri / kaula tur uninga / jangkep wali wolu / [hlm. Xxx] pun adi ing lepen jagi / kang jumeneng wali panutup ing jawi / sinihan mring hyang sukma //
14.          // sunan giri angling angidéni / jumenengé sunan kalijaga / mupakat para wali kabéh / jeng sunan kali matur / mring kang raka bénang sang yogi / kaula nama sunan / déréng angsal tuduh / hamba nuwun pangawikan / sunan ngampél angandika / bareng lan siwilah / nuli kawejangan //
15.          // pamejangé sinemon kang rayi / damar murub yén mati urubnya / urubé nyang ngendi parané / kang rayi aris matur / kaleresan dénya nampéné / leres kang pangrahita / duk sarta kang wahu / sineksén marang hyang suksma / pra tandhané marang hyang widhi / [hlm. Xxx] coblang da tanpa cahya //
16.          // langkung nuwun jeng suhunan kali / matur nembah pan angaras pada / jeng sunan
bénang ling ngalon / yayi dén awas émut / aja nganti kawedar lati / iku sabda pangéran / yén kawedar kang wruh / sagungé ingkang tumitah / yen mangerti dadi manusa linuwih / kafir kufur sampurna // [hlm. Xxx]

 TAMAT

Wa Ono Nunuk, Lelea – Indramayu
Kesalin : mulai 01-2016




Terjemah bebas

DANGDANG GULA

1.              Syeikh Malaya kemudian melanjutkan perjalanan, sementara itu Pangeran Cirebon pulang kembali ke Kedaton. Syeikh Malaya yang ditinggalkan merasa prihatin, diceritakan lagi Syeikh Malaya yang hendak menunaikan ibadah haji. [hlm. xx] Ia telah menyeberangi lautan dan telah mendarat di Pulau Upih. Ditengah perjalanan bertemu  dengan Syeikh Maulana Magribi, lalu menyapanya.
2.              “Hei Jebeng, mau kemana? kamu sampai menyeberangi lautan” Syeikh Malaya menjawab perlahan, “Hamba hendak berkelana menunaikan ibadah haji ke Mekah” Syeikh Maulana menyambung sabdanya, “bebakal [percuma / kurang pas] kamu ini, sebab kamu telah mendapatkan kemuliaan berupa terang budi ciptamu yang telah merasuk, masih saja kamu mau pergi ke mekah.
3.             Kata Mekah itu bukan Ka’bah sejati. Itu adalah Mekah tiruan yang ditengarai dengan batu gumantung tanpa cantelan. Disana merupakan petilasan Nabi Ishak tatkala di lahirkan. Juga merupakan jasa dari Nabi Ibrahim, yang diikuti oleh syari’at. Adapun bagi seorang  ahli ma’rifat itu juga mengikuti kiblat Ka’bah batu yang sama, namun kiblat yang aslinya adalah Sukma Sejati.
4.             Ini sudah berada dalam dirimu pribadi, Sukmajati yang linuwih purba awisesa [berkuasa atas segala hal] [hlm. Xx] Paesan-nya itu berada dalam dirimu, maka cobalah kamu bercermin. Di dalam cermin terlihat dua bayangan yang sejatinya hanya satu. Banyangan terlihat, ada [orang] yang melihat bayangan, karena [ia] tidak mengetahui yang sedang bercermin. Nah Jebeng, kamu pulanglah kembali”
5.             Syeikh Malaya terkejut heran pada sabdanya, kemudian ia segera mendek hendak menyembah bakti. Sang Wiku segera menarik tangan Syeikh Malaya, kemudian Syeikh Maulana berkata, “Janganlah kamu menyembah Jebeng! sebab kamu sama [derajatnya] denganku, kamu sebagai wali penutup. Semua bentuk tapabrata para wali kepada Hyang Widhi itu tidaklah sama, bangunlah baktimu sudah aku terima”
6.             Syeikh Malaya bertanya santun, “Tuan ini siapa? Serta hendak kemana? Hamba ingin mengikutimu” Sang Wiku menjawab, “Aku adalah Syeikh Maulana Magribi, berasal dari Arab, janganlah kamu mengikutiku! [hlm. xx] kamu tidak boleh berguru kepadaku.
7.             Sebelum kamu memdapatkan izin restu dari guru pertama, aku hanya boleh menunjukan cara/jalan. Sebab sangatlah utama seseorang yang setia-setuhu kepada sang guru, ia akan diterima oleh Hyang Widhi. Maka hendaklah kamu bersungguh-sungguh melakukan tapabrata, di kali dengan menunggui wot kayu galinggang yang berada di dalam hutan. Buatlah pedukuhan di sana, mohonlah kepada gurumu yang parek tanpa gepokan [dekat tanpa senggolan].
8.             Yang jauh tanpa batas, nyatakanlah hingga benar-benar nampak nyata dan dirasakan oleh pribadimu sendiri. Sudah cukup petunjuk dariku” Kemudian Syeikh Maulana menjabat tangan lalu pergi, Syeikh Malaya tertegun ditinggal seorang diri dalam  hutan. Ia menunggui wot gelinggang dengan meninggalkan makan dan tidur, syahdan pohon gelinggang yang dijadikan wot itu.

bersambung

3 comments: