Wednesday, December 6, 2017

RUWATAN PEKELING LAN TUNTUNAN JAWA

TRADISI RUWATAN INDRAMAYU

Ruwat iku basa ngrawat, supaya keparingan selamet rahayu lahir batin dunya akherat. Masyarakat Dermayu sebagian ngeyakini sapa-sapa kenang sukerta iku bakal kenang pangane Bathara Kala, kang bisa gawe apes ning kauripan. miturut alam pakeliran Bathara Kala itu yuga nipun Bathara Guru, duk dingine agelar Sang Kama Salah. Kama saged dipun pertelani wiji gesang utawi bakaleng ngurip menusa, krana Kama Salah mangka ing benjang uripe gawe kisruh reruwed jagat pewayangan. Kala saged ugi den arani waktu, Sang Kala boten saged kabasmi amung kita kedah titen eling lan waspada supaya bisaha bebas saking masalah kang ambelenggu ning urip. Sapa bisa lan ngerti sastra utawi mantra kang tinulis ana ning batuk, tutuk, dada, lan gigire Sang Bathara Kala mangka bisa bebas saking basa sukerta kang kepanjing dados pangane Sang Bathara Kala. Ing ngandhap puniki kawula salin, saking pakem pagelaran ringgit wetanan [Ki Dalang Mantep Sudharsono]. Sumangga dipun oceki sesarengan menawi mawon katah mufangat ipun. Mbok bilih wonten kesalahan, nyuwun gunging pangapunten den jembar ing pangampurane, sarta mangga keparing kersa nambah-nambai kaweruh supaya dadia jangkep lan mufangat.

Kaping sanunggal tulisan kang ana ing batukeng Bathara Kala kena kasebutaken mantra purwaneng dumadi. Kaping kalih tulisan kang wonten ning tutuk kasebut mantra tinekak utawi telak, kaping tiga tulisan kang ana ning dada kasebut Rajah Kala Cakra, lan kaping sekawan tulisan kang wonten ning gigir kasebut Carakan Sungsang. 


Tulisan ning batuk Bathara Kala, kasebut mantra purwaning dumadi

Hong prayoga nira Sang Akasa lan Bathari Pratiwi
Mijil yoga nira sang agilang-gilang ing siti
Binuwang anéng samudra kumambang alémbak-lémbak
Ana daging dudu daging ana getih dudu getih
Aranmu Sang Kemalé Kama Salah
Akhiré sakilamaya kadya manik
Sang mustika agya murub ing ngarap-arap
Nekakaken prabawa ketug lindu lan prahara
Lisus gung ngaliweran
Geter pater tanpantara murub
Ingkang kalaludra sang anéng triloka
Nguniwéh kang padma kalacakra
Sangking Sanghyang Jagat Girinata
Awignam Hastu Purnama Sidhi
Hoom Namuna Ma Swah Hah

Tulisan ning Tutuk Bathara Kala, kasebut mantra Tinekak / Telak

Auum Awignam Hastu Nama Sidam
Sang Kala luméréng sangkaning lara
Wisnu kena ing lara, lungguh ana ing otot lan amperu
Kang lara mulya, mulya déning Bathara Brama. 
Brama kena ing lara, lungguh ing daging lan ing getih
Kang lara mulya, mulya déning Bathara Guru
Bathara Guru kena ing lara, lungguh ing tutuk, turuné malumah lan saranduné ngawak Kang lara mulya, mulya déning Sanghyang Wenang
Sanghyang Wenang tan kena ing lara
Maring Sanghyang Tunggal
Kumpul panunggaléng rasa
Rasa tunggal lan jati, jati tunggal rasa, jati mulya
Mulya saking Maha Kawasa 
Auum Awignam Hastu Nama Sidam


Kaping tiga tulisan ning Dada Bathara Kala, kasebut Rajah Kala Cakra. Tulisan wolu nembelas samaknané.

Auum awignam Hastu nama sidam
1.              Yamaraja - Jaramaya
2.              Yamarani - Niramaya
3.             Yasilapa - Palasiya
4.             Yamidoro - Rodomiya
5.             Yamidosa - Sadomiya
6.             Yadayuda - Dayudaya
7.             Yasiyaca – Cayasiya
8.             Yasihama  -  Mahasiya

Werdiné ;
1.              Héh pangrencana pada maria, sing sapa arep tumindak ala aja tumeka.
2.              Héh kang anekani ilanga kaluwihan nira, sing sapa katemu marang ingsun mesti kaungkulan.
3.             Héh kang marahi luwih amarekna, sing sapa bakal gawé gelo malah gawéa lega.
4.             Héh kang gawé mlarat, anyugihna, sapa sing niat gawe tuna malah ngrejekinana.
5.             Héh kang nyikara maria nangsaya, sapa sing niat arep gendak cikara malah gawéa beja.
6.             Héh kang amerangi laruta kekuatan nira, sing sapa niat dadi mungsuh, ilanga kasektén nira.
7.             Héh kang para cidra pada kogel welasa, sing sapa arep cidra aja téga tuwuha welasé.

8.             Héh kang dadi hama padha nyingkira balika ing asalira aja ngrusak lan ngrusuhi.

Kaping sakawan tulisan ning Gigir Bathara Kala, kasebut Caraka Balik utawi Sungsang, ungelipun katulis ing ngandhap puniki ;

NGATHABAGAMA – NYAJAJADHAPA – LAWASATADA -  KARACANAHA

Basa mau ora bisa ditegesi krana kewalik, sakudune uniné mangkéné

HANACARAKA          :         ana utusan, sing dikongkon kabéh titah kabéh umat. Sing ngutus gusti Kang Kawasa. Kon nindakaken kewajibané urip manut kelawan kodrate nalika urip. Yen dadi déwa, dadia déwa sing becik, yén dadi pamong dadia pamong sing apik. Yén dadi satriya, nindakna darmanéng kasatriayan.

DATASAWALA           :         dat kang ora sawala, dat iku urip. Urip kang ora bisa semaya, yén pinasti urip ya tetep urip ora bisa mingkuh sarta mbadal dhawuhé kang maha urip.

PADHAJAYANYA      :         pada digjayane, urip iku sinandangan napsu papat kang cahyane ireng abang kuning putih. Werdiné amarah-lowamah-sawiyah-mutmainah. Becike menungsa kudu bisa milah lan milih, napsu aja diumbar kepara dikendaleni amarga napsu ora bisa mati yen ora bareng kelawan manungsané


MAGABATHANGA   :          mo tegesé sukma,  go tegesé rogo, bathanga tegesé batang. Sukma yén wis oncat saking raga dadi batang tegesé mati balik maring kang paring urip yaiku gusti kang kuwasa. Ibarat gajah mati ninggalaken gading, macan mati ninggalaken walulang, manungsa mati ninggalaken bebudén lan dharma kang becik murakapi marang bebrayan agung.

No comments:

Post a Comment